TJENTHINI
Serat Tjenthini oetawi oegi winastan Soeloek Tambangraras puniki Jasandalem Kangdjeng Goesti Pangèran Adipati Anom Amengkoenagara III (Ingkang Sinoehoen Pakoeboewana V) ing Surakarta.
Serat Tjenthini aksara Latin poenika
asliné seratan aksara Djawa, tjatjahé 12 jilid, kandelé langkoeng saking
3.500 katja. Serat ingkang asli soemimpen ing Sanapoestaka kraton Soerakarta.
Déné ingkang wènten ing Reksapoestaka Mangkoenagaran, Paheman Radja-poestaka
Sriwedari. Moeseoem Sana Budaja Jogjakarta. Moeseoem Gedhong Gadjah Djakarta lan
séjos-séjosé poenika sadaja toeroenan oetawi toeroenaning toeroenan.
Serat Tjenthini djangkep 12 djilid doemoegi sapriki dèrèng naté kawedalaké sarta katjetak aksara Djawa oetawi Latin. Nalika taoen 1912 M mila sampoen wènten Serat Tjenthini Latin wedalan 'Bataviaach Genootschap van Kunsten en Wetenschappen', tjetakan Firma Rujgrok & Co ing Betawi tjatjahé 4 boekoe isi 8 djilid, djilid 1 doemoegi 8, ananging tjetakan Latin waoe sajektosé 'pethikan' saking aslinipoen djilid 5 doemoegi 9. Dados, pethikan ing tengah lan boja kènging kawastanan djangkep. Tjethané. Serat asli djilid 1 doemoegi 4 toewin djilid 10 doemoegi 12 boja kawedalaké.